30/04/2011

Cerita Panakawan

Panakawan utawa Punakawan iku pangiring ksatriya ing wayang. Panakawan dienggo dhalang kanggo ngregengake swasana. Umume panakawan metu ing pagelaran nalika gara-gara, yaiku ngepasi tengah wengi nalika kahyangan ora tentrem lan ndonya kaya obah ngadhepi prahara. Iki katilik seka pangucap dhalang,”bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap“. Panakawan kang kondhang ing tanah Jawa yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang liyane kang dijupuk seka Indhia, panakawan asli seka Jawa.
Saliyane iku, ana uga Togog lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa negara-negara sebrang lan Kurawa. Dene emban kraton kang dadi pameling para putri yaiku Cangik lan Limbuk.

Ing Wayang Purwa, panakawan sing dienggo ing tlatah Jogjakarta lan Surakarta nganggo Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Ana kalane, dhalang Surakarta ora gelem nganggo Bagong lan diganti nganggo Cenguris kang asring dienggo nalika jaman kasultanan Pajang. Ilange Bagong iki magepokan karo Paku Buwana III (1749-1788) kang ewuh marang tingkah lakune. Bagong asring dienggo dhalang kanggo ngritik marang apa kang kelakon. Nalika kuwi, sunan iki cedhak karoWalanda.
Ing Jawa Wetan, ana uga dhalang kang ora nganggo Gareng lan Petruk. Ing kene, Bagong uga diganti nganggo Besut, kang wujude kaya Bagong nanging cilik. Ora kaya Bagong kang dumadi seka wewayangane Semar, Besut digawe seka taine. Besut uga sok disebut Besep utawa Besil.
Ing Banyumas, Bagong disebut Bawor. Ing kene, Bagong dudu anak ragil nanging pambarep.

1. Semar

Semar iku salah siji panakawan Pandhawa sing asring mènèhi pituduh lan kebak kawicaksanan. Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wetan, Semar nduwèni anak:
Gareng
Petruk
Bagong

Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, anaké Semar yaiku:
Udawala
Gareng
Bawor
Bitarota
Ceblok
Cungkring
Bagalbuntung
Curis

Ing sapérangan Jawa Wétan, anaké Semar iku Besut.

Ing gagrag Banyumasan, anaké Semar yaiku:
Bawor
Gareng
Petruk

Semar iku titisan Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utama Smara iku keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.

2.Gareng

Garèng iku salah sijining panakawan. Dhèwèké anak mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijine yaiku ing lakon Bathara Ismaya Krama. Ing lakon wayang iku Garèng mauné nduwé jeneng Bambang Sukshati, putra Resi Sukskadi.
Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weteng mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Bojoné Garèng yaiku Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.

3.Petruk

Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dheweke nduwe bojo Dewi Ambarawati. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.

Asal-susule Petruk iki maneka warna versine. Ana sing nyebut yen mbiyen Petruk iki pangeran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyene anak pandhita sekti. Ing salah sijine versi iku, dheweke disebut asline anake pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenenge Bambang Pecrukpanyukilan. Dheweke senenge guyon lan dhemen gelut.

Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dheweke bancur ngulandara golek ngelmu lan nguji kadhigdayane. Ing tengah ndalan, dheweke ketemu Bambang Sukakadi (Gareng) seka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awake loro-lorone dadi rusak. Untung wae banjur dipisah dening Semar lan Bagong. Wong loro mau banjur dipek ana dening Semar.

4.Bagong

Bagong iku dicipta seka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.
Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga disebut gombak.

Yèn dideleng seka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing ndonya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya njaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang artiné kanca kang nyekseni, paling ora panakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong seka wewayangané Semar.

Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.
Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga

No comments:

Post a Comment