03/05/2011

DUMADINE AKSARA JAWA {ASAL MULA HURUF JAWA}

Kocap kacarita ing sawijining dina ana pawongan lanang bagus lelana praja diiringi wong lanang cacah loro. Wong bagus mau aran Prabu Ajisaka lan loro abdine jeneng Dora lan Sembada.

Wong mau dudu wong Jawa, nanging dheweke sedya milangkori ing tlatah pulo Jawa. Wong telu mau padha leren ing tlatah Gunung Kendheng. “Becik kowe madhepok ana ing Gunung Kendheng kene dhisik. Samangsa-mangsa kowe bakal taktimbali. Karo iki, keris pusaka iki taktitipake marang kowe. Aja pisan-pisan mbokulungake marang liyan sanadyan wong mau sing ndhawuhi aku,” prentahe Prabu Ajisaka marang abdine jeneng Sembada. Sembada ngemban dhawuhe sang Prabu Ajisaka. Ajisaka karo abdi sijine jeneng Dora banjur mbacutake laku.Prabu Ajisaka lan abdine Dora nlasah alas gung liwang-liwung, uga mlebu desa ing adesa ing pulo Jawa.

Ajisaka krungu kabar menawa ana raja ing Medhang Kamulan, Dewata Cengkar, sing karem mangan bayi utawa bocah. Mula ora aneh yen akeh warga padha kuwatir. Yen anake konangan Dewata Cengkar mesthi bakal dadi mangsane. Kabeh warga tansah gedhe pangati-atine amrih slamet kulawargane.

Atine Ajisaka sedhih nalika krungu kabar sing banget gawe giris mau. Sawijining wektu Ajisaka ketemu karo Patih Medhang sing nembe susah penggalihe amarga sedina kemput durung nemu bayi kanggo raja Dewata Cengkar minangka dhaharane. Saeba kagete Patih nalika krungu ature Ajisaka menawa dheweke saguh bakal ngaturake bocah bajang sing seger.

“Dadi kowe saguh, Ajisaka?” pitakone Patih krungu ature Ajisaka. “Inggih, Gusti Patih. Malah sakmenika kula kepingin pinanggih Sang Prabu Dewata Cengkar,” ature Ajisaka kanthi tatag lan daya-daya pengin ketemu karo raja sing kondhang wengis mau.

Patih ngadhep sang Prabu nyritakake apa sing dadi kekarepane Ajisaka sing pengin ngawula ing Medhang lan bakal saguh nggolekake jabang bayi lan bocah waragang sing dadi kasenengane Dewata Cengkar.

“Haaaa…” Dewata Cengkar ngguyu ngakak krungu ature Patih. Apa maneh Ajisaka wis ngadhep Sang Prabu. Raja sing praupane ireng geseng memper kaya buta mau ngulati Ajisaka saka rambut nganti tekan driji sikil. Untune sing pating jrepat kerot selak ora sranta pengin mangan bayi utawa bocah sing seger sing dikarepake.

“Sapa jenengmu?”
“Ajisaka, Sang Prabu.”
“Saiki yen kowe bisa nekakake bocah seger ing ngarepanku. Kowe bakal nampa ganjaran gedhe. Kowe bakal takdadekake punggawa praja,” kandhane Dewata Cengkar. Ajisaka njaluk palilah sedhela, ora suwe maneh bakal ngaturake apa sing dikarepke Dewata Cengkar. Nalika Ajisaka mundur saka ngarepane Dewata Cengkar, dumadakan teka bocah umur telung tahunan kang pekik rupane. Awake seger kuning. “Aku sing mbokpangan sang Prabu Dewata Cengkar,” ucape bocah cilik kanthi tatag. “Malah kepara kowe ora bakal luwe saksuwene sesasi yen kelakon mangsa aku,” bocah mau mbacutake ujare marang Dewata Cengkar.

Dewata Cengkar ngguyu lakak-lakak krungu kandhane bocah sing saktemene ora dimangerteni sangkan parane mau. Dewata Cengkar nuli ngranggeh bocah mau kanthi cepet. Bocah digegem. Nalika Dewata Cengkar ngguyu lakak-lakak amarga seneng atine arep mangan bocah mau, bocah mau nuli njupuk pusaka sing disengkelit ing mburi nggegere.

Pusaka nuli ditancepake ana telake Dewata Cengkar. Sakkal Raja Medhang ambruk, sirahe pecah dadi loro nganti tekan lan patine. Kabeh nayaka praja padha cingak meruhi kedadeyan mau. Kabeh ora padha susah nanging malah bungah. Kabeh padha surak ambata rubuh. Anehe lelakon, bocah cilik mau njilma dadi Ajisaka. Kabeh padha sujud marang Ajisaka amarga wis ngrampungi watak angkara murka. Malah kabeh padha sarujuk bakal ngangkat dadi raja Medhang nggenteni Dewata Cengkar.

“Saiki ngene, aku isih kepengin ketemu karo Patih, ngrembug babagan Keraton Medhang Kamulan. Amarga dheweke jejering patih ing Medhang Kamulan,” kandhane Ajisaka marang kabeh nayaka praja Medhang. Mula ora let suwe Patih nemoni Ajisaka. Ajisaka diadhep Patih lan para nayaka praja, malah kepara kawula liyane uga padha nekani patemon mau. Dumadakan Ajisaka nyopot dhestar sing dianggo nuli dikebutake. Aneh, dhestar mau dadi amba sasat ngeyupi Keraton Medhang Kamulan. Kabeh wong padha gumun karo kasektene Ajisaka. “Ambane Keraton Medhang kaya ambane dhestar sing takgelar iki. Mula kudu ana raja sing bisa tumindak adil lan wicaksana.”

“Kula saha para nayaka, ugi para kawula sarujuk menawi panjenengan dados raja ing Medhang Kamulan. Rak ya ngana para nayaka praja lan para kawula?!” kandhane Patih lan marang wong sing padha seba. “Nggihhh…!” semaure kabeh para sing padha seba. Ajisaka diwisudha dadi raja Medhang Kamulan nggenteni Prabu Dewata Cengkar sing diampingi patihe, ya ora liya patih lawas sing dadi patih nalika Prabu Dewata Cengkar jumeneng nata. Kabeh kawula padha tentrem, urip kecukupan sandhang pangan. Apa maneh Ajisaka kondhang raja sing pinter babagan ilmu luhur budi pekerti.

Ing sawijining dina sang Prabu Ajisaka kelingan abdine jeneng Sembada sing ana Gunung Kendheng. Prabu Ajisaka nimbali abdi sijine jeneng Dora diprentahake supaya njaluk keris sing tau dititipake, kanthi pengajab keris minangka pusaka Karaton Medhang. Dora enggal mangkat methuki Sembada ing Gunung Kendheng. Dora kandha marang kancane lawas, menawa dheweke didhawuhi Prabu Ajisaka supaya njaluk keris pusaka sing tau dititipake nalika pepisahan. “Ora bisa, Gusti Ajisaka tau ngendika. Lan kowe krungu dhewe. Menawa keris bakal dijupuk dhewe. Ora kena sapa wae nampa, kajaba Gusti Ajisaka,” kandhane Sembada.

Nanging Dora tetep kukuh, menawa dheweke didhawuhi Gusti Prabu Ajisaka. Wusana wong loro padha dredah nganti tekan pasulayan. Wong loro sing padha sektine padha adu kasekten. Eman, Dora lan Sembada padha sampyuh, mati.

Prabu Ajisaka atine ora jenjem, mula dheweke enggal nusul lakune Dora. Saeba kagete nalika tekan ing Gunung Kendheng, Dora lan Sembada wis tekae patine. Wong loro mati amarga ora kena tatu gaman. Sakkal Ajisaka kelingan, lan dadi getun keduwung, nggetuni matine Dora lan Sembada marga salahe dhewe.

Gusti Prabu Ajisaka rumangsa luput njaluk ngapura marang Gusti Kang Nyipta Jagat sak isine muga diapura uga dening Dora lan Sembada. Mayite Dora lan Sembada diupakara banjur dikubur. Sabanjure diwenehi prasasti lan ditulisi kanthi huruf Jawa Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La, Pa Dha Ja Ya Nya, Ma Ga Ba Tha Nga. Sing tegese ana loro utusan, kekarone padha padudon, padha-padha sektine lan padha sampyuhe. Mangkono dumadine aksara Jawa.

No comments:

Post a Comment