03/05/2011

GEGURITAN

Wacana puisi Jawa (Geguritan) yaiku tembang uran-uran awujud purwakanti. Geguritan yaiku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, guru lagune ora ajeg (Kamus Bahasa Jawa, 2001: 270).

Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.

Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku :
1. Tembung-tembunge pilihan lan mentes
2. Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)
3. Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :
a.Tembung-tembung kawi
b.Purwakanthi
c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute
4. Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :
a.Ater-ater a
b.Seselan in lan um
c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa
5. Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.

Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
1. Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
2. Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan
Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)

Warna-warna araning geguritan :
 Syair rong gatra (baris) sapada(sabait) = gita dwigatra
 Syair telung gatra sapada = gita trigatra
 Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
 Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
 Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
 Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
 Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
 Syair Bebas

Geguritan diperang dadi loro :
1. Geguritan tradisional di purwakanthi ukara “Sun Gegurit”
Tuladha :

Sun Gegurit

Ing jaman saiki
Akeh kahanan kang nggegirisi
Motor, truk, kan bus nyemplung kali
Seengga ndadekake akehing pepati
Mulane ayo padha sing setiti ngati-ati
Nambahana syukurmu marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
Kang nguwasani isine jagad sakindhenging bumi
Mung payuwunku siyang pantara ratri
Enggala ayam, tentrem, kasembadan, lan murakabi ing sesame


2. Geguritan modern ora duwe pathokan-pathokan tartemtu
Tuladha :

Welinge Wong Tuwa

Anakku, kang dak tresnani
Welinga wong tuwamu tumrap sliramu
jagad iki jembar, lagit iki dhuwur
Tontonen lintang-lintang ing angkasa
kumedheping lingtang katon ngawe-awe
gegayuhan iku bias kasembadan lamun ana laku
ngelmu iku kalakone kanthi laku
Anakku…
jagad padhang iku kanggo sliramu
Aja seneng nggunggung diri tundhone bekal kleru
sapa kang malang tumoleh bakale ora pikoleh
kang ora jujur bakal ajur
becik ketitik ala ketara
sapa kang salah bakal seleh

1 comment: